pembukaan acara resmi hut sekolah dalam bahasa jawa

TULADHA PRANATACARA ING ADICARA
PEPISAHAN SEKOLAH (BASA JAWI)
Assalamu’alaikum wr.wb.
Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan
Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru.
Ingkang kula urmati para tamu undangan
wali murid tuwin para kanca/ kadang nunggil
pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita
sami ngaturaken puja-puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala,
ingkang sampun kepareng paring kanugrahan
arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga
ngantos wekdal punika panjenengan sadaya
dalasan kula saged hangrawuhi undangan
wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas
III.
Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat
salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng
Nabi Muhammad SAW, sumangga ing adicara
pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan
kanthi maos Basmalah,
Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti
Allah tetep paring barokah sahengga
lampahing adicara punika saged lumampah
kanthi rancag engga paripurna.
Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca
lan para undangan ingkang dahat
kinurmatan
kula ingkang jinejer pinangka pranatacara,
keparenga langkung rumiyin badhe
hangaturaken menggah urut reroncening
adicara ingkang sampun sinanggit dening
para kadang panitia.
Tinarbuka kanthi waosan
basmallah sesarengan
sampun kaleksanan.
Kalajengaken waosan ayat
suci Al-Qur’an
Adicara salajengipun
tanggap wacana saking
Bapak Kepala Sekolah
Tanggap wacana saking siswa
kelas II
Lan kasambet tanggap
wacana saking siswa kelas III
Panutup lan do’a
mujudaken reroncening
adicara ingkang pungkasan.
Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca
lan para undangan ingkang dahat
kinurmatan, mekaten reroncening tata
adicara pepisahan siswa kelas tiga ing siang/
ratri wekdal punika, murih rancag lampahing
adicara ingkang salajengipun inggih punika
waosan ayat suci Al-Qur’an dhumateng
kadang _____________ ingkang sampun
piniji murih kaleksananing sedya papan lan
wekdal kasumanggakaken.


LihatTutupKomentar